8.07.2011

Syiir GusDur





YA ROSULALLOH SALAMUN ALAIK
YA ROFI ASA NIWA DAROJI
AT FATA YAJI ROTAL ALAMIN
YA UHAI LAL JU DIWAL KAROMIN 2X




Ngawiti ingsun nglaras syiiran
Kelawan muji maring Pangeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo petungan 2X



Duh bolo konco priyo wanito
Ojo mung ngaji syariat bloko
Gur pinter dongeng nulis lan moco
Tembe burine bakal sengsoro 2X



Akeh kang apal Qur’an Hadiste
Seneng ngapirke marang liyane
Kapire dewe dak digatekke
Yen isih kotor ati akale 2X



Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare dunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nistho 2X



Ayo sedulur jo nglalekake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhide
Baguse sangu mulyo matine2X



Kang aran sholeh bagus atine
Karono mapan sari ngelmune
Laku thoriqot lan ma’rifate
Ugo hakekat manjing rasane 2X



Al Qur’an Qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskitho
Den tancep ake ing jero dodo 2X



Kumanthil ati klawan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jerohan
Mu’jizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman 2X



Kelawan Alloh kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali 2X



Uripe ayem rumongso aman
dununge roso tondo yen iman
sabar narimo najan pas pasan
kabeh tinakdir saking pangeran 2X



kelawan konco dulur lan tonggo
kang podo rukun ojo dak siyo
iku sunahe rosul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito 2X



Ayo nglakoni sekabehane
Alloh kang ngangkat derajate
Senajan asor toto lahire
Ananging mulyo maqom drajate 2X



Lamun palastro ing pungkasane
Ora kesasar rogo lan sukmane
Deng gadhang Alloh suwargo manggone
Utuh mayite ugo ulese 2X



Amin, Al-Fatihah....


Share/Bookmark

0 komentar:

Posting Komentar

Tolong tinggalkan pesan,kritik dan saran anda disini untuk membangun dan memperbaiki blog ini. Dan apabila anda ingin menambahkan emotion diatas, anda tinggal mengetik kode yang ada disamping kanannya. Contoh= :10

http://edu-sumber.blogspot.com/feeds/posts/default
http://edu-sumber.blogspot.com/feeds/comments/default


Widget by cah sumber poenya
  • facebook icon
  • twitter icon
  • rss feed icon
  • email icon